Senin, 02 Oktober 2023

TEMBANG TANPA RASA


dening: Edsant AA

jabang bayik...

surak-surak

jingkrak-jingkrak

pating penthalit

polahe wong-wong kang padha jejogetan

ngenut wirama tetabuhan kang ora cetha

gedebag gedebug

ngosak-asik ati kang meh mati

mati saka aji

mati saka janji

mati lan lali

lali marang pepesthi

kabeh bakal bali

bali marang Kang Murbeng Dumadi


wanodya kang meh tanpa busana

bengak-bengok

plerak-plerok

lenggak-lenggok

ngucapake tembung tembang

tembung kang tanpa surasa

tembung kang tebih ing trapsila

 

wong-wong padha klelep

mring swasana kang kacipta

binarengan ungeling tetabuhan

kang kinanthi pocapan tembung-tembung

ing tembang-tembang kang tanpa surasa

tembang tanpa rasa


Siraman, 10012024

TEMBANG TANPA RASA

dening: Edsant AA jabang bayik... surak-surak jingkrak-jingkrak pating penthalit polahe wong-wong kang padha jejogetan ngenut wirama...