dening: Edsant AA
jabang bayik...
surak-surak
jingkrak-jingkrak
pating penthalit
polahe wong-wong kang padha jejogetan
ngenut wirama tetabuhan kang ora cetha
gedebag gedebug
ngosak-asik ati kang meh mati
mati saka aji
mati saka janji
mati lan lali
lali marang pepesthi
kabeh bakal bali
bali marang Kang Murbeng Dumadi
wanodya kang meh tanpa busana
bengak-bengok
plerak-plerok
lenggak-lenggok
ngucapake tembung tembang
tembung kang tanpa surasa
tembung kang tebih ing trapsila
wong-wong padha klelep
mring swasana kang kacipta
binarengan ungeling tetabuhan
kang kinanthi pocapan tembung-tembung
ing tembang-tembang kang tanpa surasa
tembang tanpa rasa
Siraman, 10012024
Tidak ada komentar:
Posting Komentar